Senin, 02 Mei 2016

KURIKULUM 2013, BAKAL NGUBUR PASINAON BASA JAWA



KURIKULUM 2013, BAKAL NGUBUR PASINAON BASA JAWA

            Wektu iki donyaning pendhidhikan lagi usreg kanthi dicakake Kurikulum 2013. Underane usreg-usregan ing antarane: Kurikulum 2013 kawawas ora bakal bisa ngowahi pranatan kemajuaning pendhidhikan,   Kurikulum 2013 mbutuhake kaprigelan para guru ing babagan cara-carane mulang kang luwih lan canggih, Kurikulum 2013 kurang “representative” amarga ora diuji luwih dhisik kanthi permati, saengga kawawas mung adhedhasar “teori”.  

            Apa ta Kurikulum iku ? Kurikulum iku minangka rencana pendhidhikan kang kudu ditindakake lan dievaluasi kanggo nggayuh Tujuwan Pendhidhikan National. Kurikulum pancen kudu ngalami owah-owahan, jumbuh karo kahanan kemajuwaning jaman lan kabutuhan. Owah-owahan kurikulum bisa kabeh diowahi lan uga bisa mung saperangane wae (tambal sulam). Kurikulum ing Indonesia iki wis nate ngalami owah-owahan udakara kaping enem.

            Ing taun pasinaon 2014 – 2015 iki, pemerintah lumantar Departemen Pendidikan Nasional wis “memberlakukan” Kurikulum 2013, kang uga sinebut Kurikulum KTSP kang disempurnaake. Sing mbedakake Kurikulum 2013 karo kurikulum sing lumaku sadurunge, mligi kang ana gandheng cenenge karo pasinaon Basa Jawa kang kalebu jinising pasinaon muatan local wajib, yaiku: pasinaon Basa Jawa ing Sekolah Dasar dilebur (diintegrasi) ana ing pasinaon Seni Budaya dan Prakarya, Pendidikan Jasmani, Olahraga dan Kesehatan. Ing tataran SMP, pasinaon Basa Jawa (muatan lokal) dilebur (diintegrasi) ing pasinaon Seni Budaya dan Prakarya. Dene ing SMA/SMK, pasinaon Basa Jawa kang kalebu jinising pasinaon muatan lokal, babar blas ora dirembug.

            Miturut teori kang kajlentrehake, cak-cakane Basa Jawa pancen ora ilang kabeh. Basa Jawa isih bisa digunakake. Upamane, menawa siswa entuk tugas nggawe laporan, karya tulis, lan sajenise, bisa migunakake Basa Jawa. Nanging apa ya mung cukup ngono wae ? Ora dipenggalih, supaya siswa kasil nulis mawa Basa Jawa mbutuhake wawasan, sikap, lan keterampilan basa ?  Salah sijine kudu diwulang Basa Jawa kanthi jam pasinaon dhewe (terjadwal)

            Cetha banget ing Kurikulum 2013, menawa pasinaon Basa Jawa ORA ANA maneh ana ing tataran SD – SMP – SMA/SMK. Mungguh yen ditlesih alasane, kaya-kaya jluntrunge pasinaon Basa Jawa (Muatan Lokal) dianggep ORA PENTING. Dianggep DADI BEBAN kanggone para siswa. Pandakwa kang kaya ngene iki mesthi wae ora adhedhasar apa kang dumadi lan lumaku ana ing madyaning masyarakat, mligine masyarakat sekolah.  Keputusan kang kaya-kaya tanpa tetimbangan lan metung kahanan kang dumadi ing madyaning masyarakat sekolah. Dhapur adhedhasar TEORI.

            Ora mung iku wae, bakal kasunyatan apa sing dadi kekuwatire para pakar lan pemerhati Basa Jawa.  Basa Jawa bakal ilang kumadhange. Generasi mudha , mligine para siswa kang kasunyatan minangka asset generasi panguri-uri kabudayan, bakal “ditekak”, rumangsa “wegah” nyinau Basa Jawa, saiki saya tambah ngedoh. Tambah emoh nyinau, apa maneh ngecakake.  Kamangka ya lumantar ngecakake pasinaon Basa Jawa ing sekolah-sekolah, para siwa bisa nyinau, ngerti, lan ngecakake Basa Jawa minangka Basa Ibu.

            Rasa kuwatir mbok menawa ora mung rinasa tumrap mungguh kepriye “uripe” Basa Jawa mligi kanggone generasi mudha. Nanging banjur kepriye mungguh nasibe para guru Basa Jawa ana ing sekolah-sekolah ? Para guru Basa Jawa kang minangka pucuking tombak medharake maju mundure Basa Jawa bakal ora KANGGO maneh.  Kamangka akeh para guru kang nduweni kompetensi professional kang mumpuni lan pinunjul. Mbok menawa profesi dadi guru Basa Jawa wis dadi spesialisasine utawa pilihan kang mligi. Menawa ing mengkone ora ana jatah mulang, banjur dikon ngapa ? Apa ya gampang ngalih fungsikan profesi kang wus dadi spesialisasine ? Butuh wragad pira kanggo ngowahi kahanan kaya ngene iki ?

            Jelas ing kene, guru Basa Jawa bisa kaanggep dadi “bana” (korban) lumakune Kurikulum 2013, sing jarene nduweni pangangkah ningkatake kemajuan pendhidhikan. Pangimpen supaya para siswane nduweni pengetahuan, keterampilan, lan bisa ngecakake Basa Jawa bakal mung ana ing pangimpen wae. Nilai-nilai Budaya Jawa / Basa Jawa,  kang ana gegayutane karo ngajeni kabudayan kang adiluhung, nduweni tata krama lan unggah-ungguh satrep karo kabudayan Jawa angel kawujudake. Tundhone, para siswa mbok menawa nduweni kapinteran sacara ilmiah, nanging ora nduweni sikap, tata krama, lan unggah-ungguh satrep karo budaya lokal, budaya Jawa. 

            Sing paling nduweni rasa ngenes lan rumangsa nduweni “madesu” (masa depan suram) yaiku para mahasiswa Fakultas Kependidikan Ilmu Pendidikan Sastra Daerah (Jawa). Pepinginan murni lan suci kepengin dadi guru Basa Jawa, lan uga kepengin nguri-uri nglestarekake kabudayan Jawa bakal ilang pengarep-arepe. Kamangka mbok menawa iku wis dadi pilihane. Wis direwangi berjuang sinau kanthi tumemen lan wis ngetokake wragad kang ora sethithik. E, kok ora nduweni pengarep-arep kang nyenengake. Apa ya nemahi kahanan kaya ngene iki LPTK (Lembaga Penyelenggara Tenaga Kependidikan) bakal kukut utawa ngganti jurusan ? Mesthine wae, adoh-adoh sadurunge, para punggawa kang nggawe keputusan ngowahi kurikulum , mligine Kurikulum 2013 njaluk tetimbangane LPTK. Ing kene FKIP Jurusan Sastra lan Budaya Daerah. Tur maneh, saka FKIP Jurusan Sastra lan Budaya Daerah, ora mung meneng wae. Menggalihake mungguh kepriye nasib tembe mburine para mahasiswane.

            Pendhidhikan iku minangka “proses”, kang ateges kasile saka proses iku ora bisa dirasakake sakal ing wektu iku uga. Supaya proses iku mau bisa njangkung tujuwan, dibutuhake srana. Ing antarane: buku-buku penunjang. Kanggo nganakake buku-buku sranane penunjang kegiatan mbutuhake tetimbangan warna-warna. mButuhake wragad kang ora sethithik. Nglibatake para pakar utawa para ahli. Yen buku-buku Basa Jawa minangka sranane pasinaon wis ora bakal digunakake, banjur arep dikapakake ? Disimpen ana ing perpustakaan ? Yen para siswa ora nampa lan dikenalake Basa Jawa, kepriye bisa gelem lan seneng maca wacan sing migunakake Basa Jawa ? Iki mung salah siji conto. Mung babagan buku-buku pasinaoan Basa Jawa. Lha, srana penunjang pasinaon Basa Jawa liyane ? Apa iki ora dipetung bakal mubazir ?

            Banjur kepriye tumindak sing paling becik mungguhing para guru, para pakar, para pemerhati, para pandhemen Basa Jawa nanggapi cak-cakane Kurikulum 2013  ? Apa ya mung pasrah sumarah kersaning pamarintah ?

            Saweneh para mitra guru kang kasil dijak sarasehan sacara informal dening penulis, duwe panemu lan  panjurung:

1.      Kita gelema nyinau “teori” mungguh kepriye cak-cakane Kurikulum 2013, mligine pasinaon Basa Jawa kang kalebu jinising Muatan Lokal. Yen nemu pamrayoga, gelema medharake ana ing media masa lan medharake marang para punggawa kang nduweni hak-kuwajiban nemtokake paugeran pendhidhikan, saengga akeh wong kang maune ora pirsa dadi pirsa. Ing pangajab mengkone bisa nduweni dudutan kang paling becik.

2.      Menawa kepareng, pihak Dinas Pendidikan Provinsi mligine ing laladan Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Istimewa Yogyakarta kang kasunyatan sasuwene iki nggegegi nemtokake pasinaon Basa Jawa minangka pasinaon mutana lokal wajib ing SD – SMP – SMU/SMK, nduweni sikap lan keputusan kang becik kanggo nguri-uri (mempertahankan) pasinaon Basa Jawa supaya tetep diwulangake ing bangku sekolah. Sebab miturut saperangan guru kang minangka “praktisi pendidikan”, cak-cakane Kurikulum KTSP (Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan) dianggep kurikulum sing paling apik. Bisa njawab kemajuaning jaman lan njankung kabutuhan. Para guru kang ngupaya nyinau mungguh kepriye cara-carane ngecakake lan kasil “ngerti” Kurikulum KTSP , nduweni semangat makantar-kantar ngecakake kurikulum iki kanggo mujudake tujuwan pendhidhikan nasional, saiki kandheg kudu ngadhepi tatanan lan aturan anyar sacara “teori”. Ora dilatih, apa maneh diajak rembugan.

3.      Kanggone para Kepala Sekolah SD – SMP – SMU / SMK, disuwun kagungan kebijakan lelandhesan Surat Edaran Gubernur Jawa Tengah , No: 423.5/14995 tentang Pelaksanaan Kurikulum Mulatan Lokal Bahasa Jawa di Provinsi Jawa Tengah. Menawa Kurikulum 2013 iki bener-bener dicake satrep karo paugeran, kersaa bebarengan karo para dewan pendhidhikan, utamane guru, supaya Basa Jawa aja ditinggalake. Yen para siswa diwenehi tugas nggawe laporan utawa karya tulis, sabisa-bisa nggunakake Basa Jawa. Syukur padatan kang wis lumaku, upamane saben dina tartemtu, masyarakat sekolah kudu nggunakake Basa Jawa, tetep dipepetri aja nganti dilirwakake. Kaya ing saperangan laladan pamarintahan kang majibake para pegawene ing dina tartemtu kudu ngenganggo ageman dhaerah. Ngapa paugeran ing dina tartemtu nggunakake Basa Jawa ora bisa ?

Prastawa owah-owahan Kurikulum  gelem ora gelem kudu ditampa. Sebab owah-owahan kurikulum kudu ana. Kabeh mau kanggo njumbuhake mring kemajuwaning jaman lan tuntutan kebutuhan. Nanging yen nemu bab-bab kang kawawas kurang prayoga tumrap anane owah-owahan mau, apa maneh ngrugekake tumrap saperangan babagan, mesthi wae kita kudu cawe-cawe lan urun rembug amrih apike. Maju munduring donyaning pendhidhikan tanggungjawab kita. Kang bakal ngrasakake kasiling pakaryan donyaning pendhidhikan ya kita.

Kiriman: A. Sardi
Alumnus IKIP Sanata Dharma Yogyakarta, FKIP Jurusan Kurikulum dan Teknologi Pendidikan
Guru Basa Jawa ing SMP Tarakanita Solo Baru

Catatan:         
Tulisan ini sudah dimuat di majalah mingguan bahasa Jawa DJAKA LODANG Yogyakarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar